Haiii Minna!
Setelah gua ngepost Pidato Bahasa Indonesia gua
mau ngepost pidato Bahasa Jawa yang gua pake waktu ujian praktek :/
Ini udah gua edit sih, tapi ntah kalo ada yang
salah. Mohon maap. Semoga bermanfaat yah :D
NJAGI KEBERSIHAN LINGKUNGAN
Assalamualaikum Wr. Wb.
Dhumateng Bapak Kepala Sekolah ingkang kulo
hormati
Dhumateng Bapak lan Ibu
guru ingkang ugi kulo hormati
Lan dhumateng rencang
sedaya ingkang kulo tresnani
Hadirin ingkang tansah kulo hormati
Monggo kita sesarengan
ngunjukake puja lan puji syukur marang
Gusti ingkang murbeng dhumadi inggih punika Allah SWT. Amargi sampun
maringi berkah, rahmat lan karunia dhumateng kita sedaya. Sahengga kita sedaya
tansah pinaringan selamet wilujeng mbonten kirang satunggal menopo lan saged
makempal wonten ing wekdal puniko sesarengan kanti sehat wal afiat.
Kaping kalihipun monggo
sareng-sareng kita ngaturaken sholawat serta salam dhumateng junjungan kita
Nabi Muhammad SAW ingkang tansah kita antu-antu syafaat wonten ing ndonyo lan
mbenjang wonten ing akhirat.
Hadirin ingkang kulo muliaaken
Kebersihan puniko sebagian
saking iman, mulo puniko kita sedaya perlu njagi kebersihan, ketertiban, supados
sedaya tansah ketingal indah lan asri. Sahenggo saged damel ayem tentrem wonten
ing manah. Kita sedaya ugi kedah sadar lingkungan, amargi lingkungan punika
panggenan kangge kita sedaya nggantungaken urip. Kita sedaya kedah njagi
lingkungan sak sae-saenipun supados bumi ngasilaken keuntungan kangge kita
sanes kerugian utawi bencana kangge kita.
Hadirin ingkang kulo tresnani
Salah sasawijining cara
lingkungan mboten maringi bencanan kangge kita inggih punika njagi kebersihan
lingkungan. Tegesipun kebersihan lingkungan ingkang salerese inggih punika
lingkungan kang layak kangge dipanggoni manungsa lan kesehatan manungsa saged
terjaga. Amarginipun punika, kita sedaya kedah njagi kebersihan lingkungan
supados nyiptakaken urip ingkang aman lan sejahtera
Hadirin ingkang kulo hormati
Njagi kebersihan
lingkungan punika cara kang becik kangge nyegah penyakit-penyakit ingkang
ngintai ing musim udan kados sak punika. Njagi kebersihan lingkungan saged
diwiwiti saking ngresiki sekolah ingkang kita tresnani, SMP Negeri 1 TAYU. Menawi
sekolah kita resik tiang sanes mboten sungkan kangge nyontoh kabiasaan becik
kita sedaya. Dampak positif njagi kebersihan sekolah inggih punika kagiatan
belajar mengajar dados nyaman amargi lingkunganipun resik.
Intinipun kita sedaya
kedah njagi kebersihan lingkungan supados lingkungan kita katingal indah lan
kesehatan kita terjaga.
Cekap sementen ingkang saged
kula aturaken, mbok bilih wonten klenta-klentunipun kulo nyuwun pangampunten.
Wassalamualaikum Wr. Wb.

kebersihan memang merupakan salah satu kewajiban yang harus dilakukan dalam kehidupan bermanusia. Seperti halnya dengan menjaga kemenangan atas setiap game yang kita maikan di Gudangpoker
BalasHapus